Sesorah Basa Jawa (Pidato Bahasa Jawa)



Bapak Guru ingkang tuhu kinurmatan
Para kanca kakung saha putri ingkang kula tresnani
Langkung rumiyin sumangga kula lan panjenengan tansah ngonjukaken puji saha syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Mahakuwasa ingkang sampun paring nugraha dhumateng kula lan panjenengan, satemah kula lan panjenengan pinarengan kempal manunggal mboten wonten alangan satunggal punapa.
Wonten ing wekdal punika kita mengeti dinten Sumpah Pemuda. Labuh labetipun para kusumaning bangsa ingkang makarya kanthi berjuang supados bangsanipun mardika. Sumpah ingkang dipunikraraken dening para pemuda saking daerah-daerah ingkang benten ing tanggal 28 Oktober 1928 nggih punika :
1. Kami putra dan putri Indonesia mengaku bertumpah darah satu, tanah air Indonesia.
2. Kami putra dan putri Indonesia mengaku berbangsa yang satu, bangsa Indonesia.
3. Kami putra dan putri Indonesia menjunjung bahasa persatuan, bahasa Indonesia.
Kita sanajan siswa SMP kedhah saged nglajengaken punapa ingkang dados sumpahipun pemuda supados nagara Indonesia saged majeng kanthi guyub ruyun, tentrem, lan adil mboten wonten kerusuhan, dendam amarga salah paham. Kita generasi penerus kedhah saged wujudaken punapa ingkang dipungadhang-gadhang bangsa Indonesia lan tujuane negara Indonesia. Majeng lan bubrahipun negara Indonesia wonten ing astanipun kita sedaya. Apa kang kita pikir, kita ucapaken, lan kita tindakaken kedhah leres lan sae supados mboten wonten kuciwa ing tembe mburine.
Kanthi mekaten punika, sumangga kadang-kadang kakung utawa saha putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetipun para pemuda ingkang luhur punika. Ingkang mboten kenging dipunlirwaken inggih punika tansah ngudi jati dhirinipuun para muda Indonesia. Para muda ingkang prasaja, mrantasi samubarang  karya.
Semanten saha mekaten atur kula. Tuku kupat isine santen, punapa wonten lepat nyuwun pangapunten. Matur suwun. Sugeng siang.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

TUGAS STATISTIKA - Mencari Mean, Median, Modus dan Kurva Hubungan antara Mean, Median dan Modus

TUGAS STATISTIKA - Mencari Standar Deviasi Sampel